Momèntum

Saka testwiki
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Ayunan Newton mbuktekna anané konsèrvasi momèntum

Sajeroning èlmu fisika, momèntum iku besaran sing magepokan karo kacepetan lan massa siji barang.[1]

Momèntum sajeroning mékanika klasik

Ing mékanika klasik, momèntum (dilambangaké P) didhéfinisi minangka asil ping-pingan antarané massa karo kacepatan, saéngga ngasilaké vektor.[2]

Momèntum siji barang (P) sing duwé massa m lan obah kanthi kacepetan v didhéfinisi minangka [2]::

𝐏=m𝐯[2]

Massa wujud besaran skalar, déné kacepetan wujud besaran vektor.[2] Asil ping-pingan antara besaran skalar karo besaran vektor bakal ngasilaké besaran vektor.[2] Dadi, momèntum iku wujud besaran vektor.[2]

Hukum Kekekalan Momèntum

Padha karo ènèrgi, sajeroning kondhisi tinamtu, momèntum siji sistem bakal kekal (abadi) utawa ora owah.[2] Kanggo njlèntrèhaké bab iki dipigunakaké konsép Pusat Massa.[2] Umpamané yèn ana siji sistem sing dumadi saka sawatara barang kanthi massa 𝐦𝟏,𝐦𝟐,...... obah kanthi kacepetan saben barang 𝐯𝟏,𝐯𝟐,......, mula kacepetan pusat massa sistem mau ya iku[2]:

𝐯𝐜𝐦=mi𝐯imi.[2]

Lan yèn sistem mau obah kanthi dicepetaké kanthi percepatan saben barang 𝐚𝟏,𝐚𝟐,......, mula percepatan pusat massa sistem mau ya iku [2]:

𝐚𝐜𝐦=mi𝐚imi.[2]

Saiki yèn barang-barang mau diwènèhi gaya 𝐅𝟏,𝐅𝟐,......, mula saben barang mau duwé percepatan[2]:

𝐚𝐢=𝐅𝐢mi.[2]

Saéngg percepatan pusat massa sistem bisa dinyatakaké minangka[2]:

𝐚𝐜𝐦=𝐅imi.[2]

Notasi 𝐅i. minangka notasi sing nyatakaké résultan gaya sing ana ing sistem mau.[2] Yèn résultan gaya sing ana ing sistem ajiné nul (𝐅i=0), mula sistem mau ora dicepetaké (𝐚i=0).[2] Yèn sistem ora dicepetaké, tegesé sistem mau kacepetan pusat massa sistem konstan (𝐯𝐜𝐦=constant). Dadi bisa disimpulaké yèn [2]:

mi𝐯i=constant.[2]

Notasi ing dhuwur minangka notasi saka hukum kakekalan momėntum.[2] Dadi total momėntum siji sistem tansah kekal mung yèn résultan gaya sing ana ing sistem kaebut ajinė nul.[2]

Pranala njaba

Cathetan suku

Cithakan:Reflist


Cithakan:Stub