Kondensator

Saka testwiki
Owahan 31 Agustus 2024 20.34 déning imported>InternetArchiveBot (Rescuing 1 sources and tagging 1 as dead.) #IABot (v2.0.9.5)
(bé) ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Cithakan:Rapèkaké Kondensator utawi asring dipunsebat minangka kapasitor inggih punika satunggaling piranti ingkang saged nyimpen ènergi ing salebeting medan listrik, kanthi cara ngempalaken ingkang boten seimbang internal saking momotan listrik. Kondensator gadhah ékan ingkang dipunsebat Farad saking nama Michael Faraday. Kondensator ugi dipuntepang minangka "kapasitor", nanging tembung "kondensator" taksih dipun-ginakaken ngantos sapunika[1]. Ingkang pisanan dipunsebat déning Alessandro Volta minangka ilmuwan Italia ing taun 1782 (dari basa Itali condensatore), gegayutan kaliyan kemampuan piranti kanggé nyimpen satunggaling momotan listrik ingkang inggil kabandhingake komponèn sanèsipun. Kathah saking basa lan nagara ingkang boten ngginakaken basa Inggris taksih ngacu saking tetembungan basa Italia "condensatore", basa Perancis condensateur, Indonesia lan Jerman Kondensator utawi Spanyol Condensador.

  • Kondensator gadhah kalih samparan lan kalih kutub inggih punika positif lan négatif sarta gadhah cuwèran elektrolit lan limrahipun wujudipun tabung.
Barkas:Polarized kondensator symbol 3.jpg Lambang kondensator (gadhah kutub) ing skema elektronika.
  • Manawi jinis ingkang satunggal malih kathah aji kapasitasipun langkung andhap, boten gadhah kutub positif utawi négatif ing samparan, kathaipun wujudipun bunder pipih warni coklat, abrit, ijo lan sanèsipun kados tablet utawi kancing rasukan.
Lambang kapasitor (boten gadhah kutub) ing skema elektronika.

Nanging limrahipun lan kondisi sarta artikulasi basa saben nagara manut saking masarakat ingkang langkung asring nyebataken. Sapunika limrahipun tiyang kasebat namung nyebataken salah satunggaling nama ingkang langkung dominan dipun-ginakaken utawi langkung asring dipunpireng. Ing mangsa punika, kondensator asring dipunsebat kapasitor (capacitor) utawi kosok wangsulipun ingkang wonten ngèlmu elektronika dipunsingkat kanthi aksara (C).

Lithium Ionen Kondensator

Kapasitansi

Ékan saking kapasitansi kondensator inggih punika Farad (F). Nanging Farad inggih punika ékan ingkang langkung ageng, pramila dipun-ginakaken:

  • Pikofarad (pF) = 1×1012F
  • Nanofarad (nF) = 1×109F
  • Microfarad (μF) = 1×106F

Kapasitansi saking kondensator saged dipuntemtokaken kanthi rumus:

C=ϵ0ϵrAd

C: Kapasitansi

ϵ0: permitivitas hampa

ϵr: permitivitas relatif

A: luas pelat

d:jarak antar pelat/tebal dielektrik

Manawi cara damel ageng kapasitansi kapasitor utawi kondensator kanthi cara:

  1. Sungsunipun lapis-lapis.
  2. Jembaraken lumah variabel.
  3. Ngginakaken bahan ingkang daya tembus ageng.
Permitivitas Relatif Dielektrik
Dielektrik Permitivitas
Keramik rugi cendhèk 7
Keramik k tinggi 50.000
Mika pérak 6
Kertas 4
Film plastik 2,8
Polikarbonat 2,4
Polistiren 3,3
Poliester 2,3
Polipropilen 8
Elektrolit aluminium 25
Elektrolit tantalum 35

Wujud lan Macam kondensator

Karakteristik kondensator
Tipe Jangkauan Toleransi (%) Tegangan AC lazim (V) Tegangan DC lazim (V) Koefisien suhu (ppm/C) Frekuensi pancung fR (MHz) Sudut rugi (tanδ) Resistansi bocoran (Ω) Stabilitas
Kertas 10 nF-10 uF ± 10% 500 V 600 V 300 ppm/C 0,1 MHz 0,01 109 Ω lumayan
Mika pérak 5 pF-10 nF ± 0,5%
400 V 100 ppm/C 10 MHz 0,0005 1011 Ω Baik sekali
Keramik 5 pF-1 uF ± 10% 250 V 400 V 30 ppm/C 10 MHz 0,01 108 Ω Baik
Polystyrene 50 pF-500 nF ± 1% 150 V 500 V
10 MHz 0,0005 1012 Ω Baik sekali
Polyester 100 pF-2 uF ± 5% 400 V 400 V 400 ppm/C 1 MHz 0,001 1011 Ω Cukup
Polypropylene 1 nF-100 uF ± 5% 600 V 900 V 170 ppm/C 1 MHz 0,0005 1010 Ω Cukup
Elektrolit aluminium 1 uF-1 F ± 50% Terpolarisasi 400 V 1500 ppm/C 0,05 MHz 0,05 108 Ω Cukup
Elektrolit tantalum 1 uF-2000 uF ± 10% Terpolarisasi 60 V 500 ppm/C 0,1 MHz 0,005 108 Ω Baik

Jinis kondensator

Adhedhasar mupangatipun kondensator dipunpérang dados:

  1. Kondensator tetap (aji kapasitasnya tetap tidak dapat diowah)
  2. Kondensator elektrolit (Electrolite Condenser = Elco)
  3. Kondensator variabel (aji kapasitasnya dapat diowah-ubah)

Uga delengen

Cathetan suku

Cithakan:Reflist

Pranala njaba

Cithakan:Komponèn elektronika

  1. Kondensator Cithakan:Webarchive (dipununduh 21/10/2012)