Lindhu Samudra Hindhia 2004

Saka testwiki
Owahan 3 Oktober 2024 08.32 déning 139.0.162.13 (rembugan)
(bé) ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Cithakan:Earthquake

Barkas:2004 Indonésia Tsunami Complete.gif
Animasi obahan banyu laut (tsunami)
Peta lindhu

Ing tanggal 26 Dhésèmber 2004, kadadéan lindhu dahsyat ing Samodra Hindhia, lepas pasisir kulon Acèh.

Lindhu kadadéan jam 7:58:53 WIB. Pusat lindhu dumunung ing bujur Cithakan:Coor at d kurang luwih 160 km pérangan barat Acèh sedalam 10 kilomèter. Lindhu iki kekuwatan 9,1 9,3 miturut skala Richter lan minangka lindhu paling dahsyat sajeroning kurun wektu 40 taun pungkasan ing Asia Kidul-wétan ikhtisar lokasi lindhu Cithakan:Webarchive Intensitas Cithakan:Webarchive Seismografis Cithakan:Webarchive Densitas Cithakan:Webarchive Peta Googlelan Asia Kidul.

Kurban jiwa

Lindhu ngakibataké tsunami (gelombang pasang) sing njupuk akèh banget kurban jiwa. Dipesthèkaké punjul 150.000 jiwa tiwas. Cithakan:Clear

Nagara Tiwas Cidra Ilang Kèlangan papan urip
Dipesthèkaké Perkiraan
Indonésia 126.915 126.915+ ~100.000 37.063 ~517.000 Cithakan:Webarchive
Sri Lanka 30.718 Ora diweruhi 15.686 23.000+1 ~573.000 Cithakan:Webarchive
India 10.012 15.636 Ora diweruhi 5.624 1.029.692
Thailand 5.3052 11.000 Ora diweruhi
Somalia 150+ Cithakan:Webarchive 298 Ora diweruhi Ora diweruhi 5.000 Cithakan:Webarchive
Myanmar 90 290600 45 200 mencapai 30.000 Cithakan:Webarchive
Malaysia 68-74 Ora diweruhi 299 Ora diweruhi Ora diweruhi
Maladewa 82 Cithakan:Webarchive Ora diweruhi Ora diweruhi 26 Cithakan:Webarchive 12-22.000 Cithakan:Webarchive
Seychelles 1-3 10 Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi
Tanzania 10 10+ Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi
Bangladesh 2 Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi
Afrika Kidul 2 Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi
Kenya 1Cithakan:Pranala mati Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi
Madagaskar Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi Ora diweruhi 1.000+
Total 151.976+ 162.000+ 125.000+ 43.000+ 3-5 juta
  • Catatan: Angka ing tabel dhuwur iku perkiraan waé.
  • 1 Klebu 19.000 kurban ilang ing wewengkon sing dikontrol déning Macan Tamil.
  • 2 Klebu saorané 2.464 wong manca.

Indonésia

Ing Indonésia, lindhu njupuk punjul 126.000 kurban jiwa. Puluhan gedung ajur déning lindhu utama, mligi ing Meulaboh lan Banda Acèh ing ujung Sumatra. Ing Banda Acèh, watara 50% saka kabèh yasan rusak kena tsunami. Nanging, akèh-akèhé kurban disebabaké déning tsunami sing ngantem pasisir kulon Acèh lan Sumatra Lor.

Sri Lanka

Ing Sri Lanka dikonfirmasèkaké 45.000 kurban jiwa lan punjul 1 yuta jiwa sing ndunungi nagara iki kena dhampak lindhu kanthi langsung. Salah siji kurban sing bisa dislametaké ya iku mantan Kanselir Jerman Helmut Kohl. Dilaporaké saka Sri Lanka yèn sithik banget sato kéwan alasan kaya macan lan gajah sing mati.

India

Ing India, kalebu Kapuloan Andaman lan Nicobar ditaksir punjul 12.000 kurban jiwa.

Bangladesh

Ing Bangladesh ana 2 kurban jiwa.

Thailand

Ing Thailand akèh wisatawan manca kena bencana, mligi ing laladan Phuket, ditaksir watara 4.500 kurban jiwa. Bhumi Jensen, putné Raja Rama IX utawa kondhang kanthi asma Bhumibol Adulyadej uga kalebu salah siji kurban. Bhumi Jensen isih yuswa 21 taun.

Maladewa

Ing Maladewa dilapuraké ana 53 kurban jiwa. Rongprotelon wewengkon kutha krajan Malé kebanjiran nalika iku.

Malaysia

Malaysia nglapuraké 66 kurban jiwa, nanging dikuwatirake kurban jiwa cacahé 600.

Somalia

Ing Somalia, bawana Afrika éwon kilomèter saka Indonésia, dilapuraké punjul 100 kurban jiwa. Nanging sapérangan gedhé utawa manawa meh kabèh para warigaluh.

Uga delengen

Réferènsi lan pranala njaba

Cithakan:References Cithakan:Commons

Cithakan:Lindhu Indonésia